Kabupaten Brebes
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Babad Brebes | Mitos lan Legenda Brebes | Seni lan Budaya Brebes | Tokoh Brebes | Pembangunan Brebes | Warta Penting Brebes | Panganan lan Plesiran Brebes | Obrolan Bebas Brebes
|
|||
Motto: "--" (Makna): "--" Sesanti: Berhias (bersih, hijau, indah, aman, sehat) |
|||
Dina Dadi: | 18 Januari 1678 | ||
Ibukota: | Brebes | ||
Bupati: | H. Indra Kusuma, S.Sos | ||
Luas: | 1.657,73 km² | ||
Kecamatan: | 17 Kecamatan, 292 Desa | ||
Penduduk: Kepadatan: |
+/- 1.600.000 +/- 960,00 / km² |
||
Suku: | Suku Jawa lyy. | ||
Agama: | Islam, Protestan, Katolik, Hindu karo Budha | ||
Basa: | Basa Banyumasan Dialek Bumiayu, Dialek Tegalan karo Dialek Cirebon/Indramayu, Basa Indonesia, Basa Sunda | ||
Kode Tilpun: | (0283) & (0289) Bumiayu | ||
Situs web resmi: | www.brebes.go.id |
Contents |
[sunting] Prakata
Kabupaten Brebes kuwe salah siji kabupaten nang Jawa Tengah sing enggone nang wilayah Pantura tur berbatesan langsung karo Propinsi Jawa Barat, kota Brebes kuwe ibukota kabupatene. Kota-kota gedhe liyane antarane: Losari, Tanjung, Ketanggungan, Larangan, Prupuk, Bumiayu, Salem lly. Luas wilayah Kabupaten kiye ± 166.117 hektar utawa 1.657,73 km², jumlah penduduk ± 1,5 juta jiwa, tingkat kepadatan penduduk ± 953,20 jiwa/km².
[sunting] Geografis
Enggon geografis : 108° 41'37,7" - 109° 11'28,92" Bujur wetan karo 6° 44'56'5" - 7° 20'51,48" Lintang kidul.
Bates Wilayah : Sisi lor berbatesan karo Laut Jawa, sisi kidul berbatesan karo Kabupaten Banyumas, sisi kulon berbatesan karo Kabupaten Cirebon (Jawa Barat), sisi wetan karo Kabupaten Tegal uga Kotamadya Tegal. Basa sing dituturna penduduk Kabupaten Brebes kuwe Basa Banyumasan logat / Dialek Tegalan karo Basa Sunda khususe sing ana ning kecamatan Bantarkawung, Salem karo Banjarharjo, basa sundane mirip Basa Sundane wong Banten.
[sunting] Pemerentahan
Jumlah kecamatan nang kabupaten Brebes ana 17 Kecamatan, 292 Desa karo 5 Kelurahan. Pola pembangunan Kabupaten Brebes dibagi dadi 3 Sub Wilayah Pembangunan (SWP):
- SWP Ia pusate nang Kota Brebes, kuwe ngeliputi
- SWP Ib pusate nang Kota Tanjung, ngeliputi
- SWP II pusate nang Kota Ketanggungan, ngeliputi
- SWP III pusate nang Kota Bumiayu, ngeliputi
6 Kecamatan sing digabung nang SWP III kiye rencanane arep didadekna Kabupaten dhewek (Pemekaran Kabupaten Brebes). Rencanane jenenge kabupatene mengko Kabupaten Bumiayu ibukotane nang kota Bumiayu. Basa sing dituturna nang wilayah bumiayu kiye Basa Banyumasan Dialek Bumiayu.
[sunting] Ekonomi & Sosial
Produk unggulan kabupaten Brebes kuwe: ndok asin, keramik hias, rebana, brambang karo pindang bandeng.
Khusus produk andalan sub sektor industri antarane: brambang goreng, soun, kapal rakyat, karo biting hio.
[sunting] Liyane
[sunting] Pranala Jaba
mBalik ming:
Kaca Utama ; Propinsi Jawa Tengah