Kabupaten Cilacap
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Babad Cilacap | Mitos lan Legenda Cilacap | Seni lan Budaya Cilacap | Tokoh Cilacap | Panganan lan Plesiran Cilacap | Dopokan Cilacap
|
|||
Motto: Jala Bhumi Wijaya Kusuma Cakti Sesanti: Bercahaya (Bersih, Elok, Rapi, Ceria, Hijau, Aman lan Jaya) |
|||
Dina Dadi: | 21 Maret 1856 | ||
Ibukota: | Cilacap | ||
Bupati: | H. Probo Yulastoro, S.Sos, MM | ||
Luas: | 1.281,115 km² | ||
Kecamatan: | 23 Kecamatan, 282 Desa | ||
Penduduk: Kepadatan: |
+/- 1.650.000 +/- 767,75 / km² |
||
Suku: | Suku Jawa lyy. | ||
Agama: | Islam, Protestan, Katolik, Hindu karo Budha | ||
Basa: | Basa Banyumasan, Basa Jawa karo Basa Indonesia | ||
Kode Tilpun: | (0281) | ||
Situs web resmi: | http://www.cilacapkab.go.id/ |
Contents |
[sunting] Prakata
Kabupaten Cilacap kuwe salah siji kabupaten nang Jawa Tengah sing enggone nang wilayah Pantai Kidul, kota Cilacap kuwe ibukota kabupatene, kota-kota liyane: Majenang, Karangpucung, Sidareja, Maos, Sampang, Kroya karo liya-liyane. Luas wilayah Kabupaten kiye ± 128.111,50 Ha utawa 1.281,115 Km2, (termasuk Pulau Nusakambangan).
[sunting] Geografis
Bates Wilayah: Sisi kulon kuwe propinsi Jawa Barat, sisi lor Kabupaten Brebes karo Kabupaten Banyumas, sisi wetan Kabupaten Kebumen karo sisi kidul samudera Indonesia. Basa sing dituturna penduduk Kabupaten Cilacap kuwe Basa Banyumasan.Nang Desa Bajing, Kecamatan Kroya, ana sakelompok penduduk nang pedukuhan Gading kintholan, nganggone basa Jawa logate Jogja / Solo, ketone mbiyen-mbiyene leluhure sekang Jogja/Solo. Nek dirungokna ketone madan aneh, apa maning kanggo kuping wong Banyumas. Semono uga nang Kecamatan Karangpucung, Cimanggu, Majenang, Wanareja lan Dayeuhluhur, akeh penduduke sing ora bisa basa Banyumasan , apa maning basa Jawa wetanan.Nang wilayah perbatasan kuwe mau, penduduke akeh sing pedinan basa Sunda. Nek wong Cilacap biasane ngomonge Sunda reang, dudu apa-apa soale basa Sundane ora kaya Cianjuran sing alus , mlipit banget.
Ngomongaken Cilacap ora lengkap nek ora ngomongaken Nusakambangan. Miturut Critane, Nusakambangan jaman mbiyene prahu, dadi sewayah-wayah mbuh kapan bisa klelep laut. Jarene critane kamituwa (jaman nenek moyang), Nusakambangan klelep nek gedang (pisang) dituku nganggo duit emas, lan Nusakambangan dadi pasar sing rame. Tapi kabehan mau mung dongeng, alias adoh ngaeng. Walahua'lam. Alhamdulillah, Pulau Nusakambangan, bisa dadi bentenge Kota Clacap (wong kuna akeh sing nyebut Cilacap, karo sebutan Clacap)sekang gempuran ombak Laut Kidul (samudera Hindia). Kayata pas ana gempa karo tsunami tanggal 17 Juli 2006, nek ora dibentengi Nusakambangan, mungkin Cilacap wis dadi Aceh seri II. Mulane nek bisa ayuh pada nglestarikaken Nusakambangan, jajal nek ilang, Cilacap bisa dadi laut kenang tsunami.
[sunting] Pemerentahan
Jumlah kecamatan: 24, desa: 282.
- Kecamatan Adipala
- Kecamatan Binangun
- Kecamatan Kroya
- Kecamatan Nusawungu
- Kecamatan Maos
- Kecamatan Sampang
- Kecamatan Kesugihan
- Kecamatan Jeruklegi
- Kecamatan Cilacap Selatan
- Kecamatan Cilacap Tengah
- Kecamatan Cilacap Utara
- Kecamatan Bantarsari
- Kecamatan Gandrungmangu
- Kecamatan Kawunganten
- Kecamatan Karang Pucung
- Kecamatan Cipari
- Kecamatan Kedungreja
- Kecamatan Patimuan
- Kecamatan Sidareja
- Kecamatan Cimanggu
- Kecamatan Dayeuhluhur
- Kecamatan Majenang
- Kecamatan Wanareja
- Kecamatan Kampung Laut
[sunting] Ekonomi & Sosial
[sunting] Liyane
[sunting] Pranala Jaba
mBalik ming: Kaca Utama ; Propinsi Jawa Tengah