Kabupaten Tegal
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Babad Tegal | Mitos lan Legenda Tegal | Seni lan Budaya Tegal | Tokoh Tegal | Pembangunan Tegal | Warta Penting Tegal | Panganan lan Plesiran Tegal | Obrolan Bebas Tegal
|
|||
/Motto: "---" (Makna): "--" |
|||
Dina Dadi: | 18 Mei 1601/12 April 1580 | ||
Ibukota: | Slawi | ||
Bupati: | Agus Riyanto, S.Sos, MM | ||
Luas: | 878,49 km² | ||
Kecamatan: | 18 Kecamatan, 283 Desa | ||
Penduduk: Kepadatan: |
+/- 1.500.000 +/- 1.513 / km² |
||
Suku: | Suku Jawa lyy. | ||
Agama: | Islam, Protestan, Katolik, Hindu karo Budha | ||
Basa: | Basa Banyumasan Dialek Tegalan, Basa Jawa karo Basa Indonesia | ||
Kode Tilpun: | (0283) | ||
Situs web resmi: | http://www.tegal.go.id | ||
Situs Liya: | http://www.warteg.or.id |
Contents |
[sunting] Prakata
Kabupaten Tegal kuwe salah siji kabupaten nang Jawa Tengah sing enggone nang wilayah Pantura, kota Slawi kuwe dadi ibukota kabupatene, kota-kota liyane : Lebaksiu, Surodadi lly. Luas wilayah Kabupaten kiye ± 878,49 km2, jumlah penduduk ± 1,5 juta jiwa, tingkat kepadatan penduduk ± 1.513 jiwa/km2.
Basa sing dituturna masyarakat Kabupaten Tegal kuwe Basa Banyumasan logat / Dialek Tegalan.
[sunting] Geografis
Enggon geografis: Bujur wetan 1080 57’ 6” – 1090 21’ 30” karo Lintang kidul 60 02’ 41” – 70 15’ 30”.
Bates Wilayah : Sisi lor berbatesan karo Kotamadya Tegal uga Laut Jawa. Sisi kidul berbatesan karo Kabupaten Brebes uga Kabupaten Pemalang. Sisi kulon berbatesan karo Kabupaten Brebes.
[sunting] Pemerentahan
Jumlah kecamatan nang Kabupaten Tegal kiye ana 18 tur dibagi dadi 283 desa. Kecamatan-kecamatan nang Kabupaten Tegal yakuwe:
- Kecamatan Adiwerna
- Kecamatan Balapulang
- Kecamatan Bojong
- Kecamatan Bumijawa
- Kecamatan Dukuh Turi
- Kecamatan Dukuh Waru
- Kecamatan Jatinegara
- Kecamatan Kramat
- Kecamatan Kedung Banteng
- Kecamatan Lebaksiu
- Kecamatan Margasari
- Kecamatan Pager Barang
- Kecamatan Pangkah
- Kecamatan Slawi
- Kecamatan Suradadi
- Kecamatan Talang
- Kecamatan Tarub
- Kecamatan Warureja
[sunting] Sosial & Ekonomi
[sunting] Umum
Kaitan ekonomi antara Kabupaten Tegal karo Kota Tegal keton jelas banget, utamane nang sektor industri karo perdagangan. Kabupaten Tegal dadi lokasi pengolahan, penyedia tenaga kerja, sementara Kota Tegal dadi lokasi pemasarane uga dadi lokasi pengolahan akhir.
[sunting] Produk Unggulan
Nang kabupaten Tegal akeh Home Industri sing dikelola masyarakat contone: pengecoran & pengerjaan logam, tekstil (konveksi karo tenun tradisional), suttle chock, furniture, gerabah (kanggo perlengkapan medhang Teh Poci) karo liya-liyane. Warga kabupaten Tegal juga akeh sing duwe usaha nang sektor pertanian (pari, palawija, bawang, brambang, cabe, tebu lyy).
[sunting] Perikanan & Kelautan
Nang sektor kelautan karo perikanan, akeh nelayan Tegal sing nggolet iwak nang laut Jawa, malah bisa ngantek laut Cina Selatan (kepulauan Riau). Hasile didol nang Pelabuhan Perikanan (pelelangan ikan) Jakarta, Cirebon, Pekalongan uga sebagian dikonsumsi masyarakat Tegal. Esih nang sektor kiye uga akeh masyarakat Tegal (utamane daerah pesisir) sing duwe usaha tambak iwak bandeng karo urang windu uga sing dodol nener / benur (bibit iwak bandeng).
[sunting] Perantau & Wiraswasta
Masyarakat kabupaten Tegal akeh sing merantau meng kota-kota liyane nang pulau Jawa karo pulau-pulau liyane. Warga Tegal lewih seneng dadi wiraswastawan, umume usaha Warung Tegal (Warteg) sing wis terkenal banget. Pengusaha-pengusaha warteg kiye ana paguyubane yakuwe Kowarteg (Koperasi Warung Tegal).
[sunting] Liyane
[sunting] Deleng Uga
- Kota Tegal
[sunting] Pranala Jaba
mBalik Ming:
Kaca Utama ; Propinsi Jawa Tengah