Wikipedia:Takon
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Artikel asliné nganggo basa Inggris : [1]. Nyuwun pangapura nék sebagian pranala ming artikel-artikel pitakonan nang ngisor kiyé urung tersedia, ésih diterjemahna, kesuwun.
Lembar kiyé isiné kumpulan pitakonan sing cokan muncul (FAQ).
Contents |
[sunting] Apa Jané Wiki?
- Wiki kuwe kumpulan halaman-halaman wéb sing bisa deobah, detambaih, degenahna sapa baén kapan baén, termasuk kaca/lembar sing agi dewaca siki, priwé carané ? gari nge-klik "obah" nang bagian nduwur. Angger kepéngin njajal ndisit mangga njajal nang kothak njajal. Konsép karo piranti lunak Wiki degawé/deprogram dening Ward Cunningham.
[sunting] Apa Jané Wikipédia?
- Wikipedia kuwe proyek nggo mbangun ensiklopédi sing kompréhénsif tur gratis. Nang Wikipedia akéh pengetahuan / ilmu nggo nambah wawasan.
[sunting] Kenangapa Desebut Wikipédia?
- 'Wikipedia' jané singkatan sekang 'Wiki' karo 'ensiklopedia'.
[sunting] Apa Jané Tujuan Wikipédia?
- Tujuan Wikipedia kuwe nggo nyiptakna ensiklopédi gratis --- ensiklopédi sing paling gedhe uga paling lengkap. Tujuan kiyé ora gampang decapai, butuh wektu suwé karo kerjasama kabeh pihak sing tertarik termasuk Jenengan.
[sunting] Sapa Sing Bertanggungjawab bab isi Wikipedia?
- Wikiwan lan Wikiwati, utawa anggota-anggota Wikipédia. Wikipédia jané kerjasama kabéh pihak sing gelem ngawéh kontribusi nang bagian-bagian isiné.