Wikipedia
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Wikipedia kuwe Ensiklopedia multibasa sing ditulis, disusun tur bisa disunting/edit pembaca kabeh termasuk Rika, dadi Wikipedia kuwe kasil karya gotong royong kabeh pembaca / pengguna. Wikipedia kuwe diawasi tur didukung dening Yayasan Wikimedia, yayasan kiye kuwe lembaga Nirlaba. Istimewane, Wikipedia bisa di isi informasi sing biasa dimuat nang kabeh media termasuk Buku, Majalah, Koran lan liya-liyane, dadi isine bisa aktual banget.
Wong sing pertama molai nggawe proyek Wikipedia kiye jenenge Jimmy Wales.
Contents |
[sunting] Sekilas
Karakteristik-karakteristik utama nang proyek Wikipedia:
- Disiapna kanggo dadi Ensiklopedia primer
- Sebagai edisi wiki, sing bisa diobah sapa baen (kecuali pengguna sing diblok karo pengecualian nang halaman sing dilindungi)
- Sebagai isi bebas, sing nganggo Copyleft Lisénsi Dokuméntasi Bébas GNU
[sunting] Lisensi isi bebas
Kabeh tulisan sing disumbangna nang Wikipedia kuwe statuse dadi Isi Bebas tur dilindungi Lisénsi Dokuméntasi Bébas GNU, artine bisa bebas dimanfaataken, uga bebas diobah (arti positif ), bebas dikopi, uga bisa disebaraken sesuai batesan Lisénsi Dokuméntasi Bébas GNU.
[sunting] Gudang data sing bisa di update
Kabeh sing pengin nganggo Isi Bebas Wikipedia, kapan baen bisa ngunduh artikel sing nganggo versi paling anyar nang gudang data kanggo tujuan bebas ning menuhi syarat LDBG.
Lokasi-lokasi kaya Wikinfo, wordiq [1], thefreedictionary.com [2], 4reference [3] karo nationmaster [4] wis dienggo kanggo ngaca utawa nggarpu isi Wikipedia.
[sunting] Bisa diobah sapa baen
Isi Wikipedia kuwe bisa dicipta kabeh penggunane. Pengunjung nang Wikipedia uga bisa ngobah artikel, kiye akeh sing ngelakoni. Kaca-kaca/halaman berobah terus, dadi angel nggolet artikel sing wis bener-bener rampung utawa utuh. Kuwe sing marakna Wikipedia biasa ngalami 'masalah' sing unik, deleng Wikipedia:Kenangapa Wikipedia kuwe ora hebat banget, ning nang Wikipedia kiye uga wis disiapna sistim 'penyembuhan dhewek' kanggo ngadepi tantangan sing kaya kuwe, deleng Wikipedia:Balasan kanggo penolakan umum.
[sunting] Perusakan
Salah siji masalah utama nang Wikipedia yakuwe 'perusakan' utawa vandalisme: ora bertanggungjawab. Akeh kedaden kaya kiye merga kurang paham aturan-aturan sing berlaku nang Wikipedia, contone: Anjuran nganggo kothak njajal ndisit sedurunge bener-bener paham tata cara nyunting/editing.
"Peran Pengurus dadi penting banget kanggo mbenerna kerusakan-kerusakan artikel uga kanggo mblokir penggguna-pengguna sing ora bertanggungjawab (vandal).
[sunting] Deleng Uga
- Wikipedia nang Medhia Massa
- Wiki
- Wikimedia