Banyumasan
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
[sunting] Prakata
Banyumasan utawa mBanyumasan yakuwe : Kesatuan budaya, bahasa uga karakter/watek sing urip tur berkembang nang masyarakat wilayah Banyumasan.
Budaya Banyumasan yakuwe : akal budi, pikiran karo hasil kréativitas masyarakat Banyumasan sing tumbuh berkembang sebagai rangkaian tindakan uga aktivitas sing nduweni karakter karo pola-pola tinentu.
Basa Banyumasan yakuwe : tuturan/ucapan sing nganggo sistematika tinentu sing dituturaken masyarakat Banyumasan kanggo ngwakili wujud benda, tindakan, gagasan karo keadaan. Basa Banyumasan utawa biasa diarani Basa Ngapak-Ngapak dadi salah sijiné idéntitas masyarakat Banyumasan.
Karakter Banyumasan yakuwe : sikap mental karo nilai-nilai moral sing secara turun temurun urip nang masyarakat Banyumasan. Karakter Banyumasan sekaligus menjadi idéntitas masyarakat Banyumasan.
Wilayah Banyumasan yakuwe : wilayah nang sisi kulon Propinsi Jawa Tengah. Tegesé wilayah nang sekitar gunung Slamet karo kali Serayu, dadi secara administratif, kabupaten-kabupaten sing ngelilingi Gunung Slamet karo Kali Serayu kuwé termasuk wilayah Banyumasan.